Dibawah ini ada beberapa contoh "Parikan" atau pantun berbahasa Jawa yang biasa sering dijumpai dalam acara kesenian tradisional Jawa ludruk, ketoprak dan wayang orang, dalam khas Jawa Timur Parikan juga dikenal sebagai kidung jula-juli, berikut ini beberapa Parikan :
Parikan 1
nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat
jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan
kursi goyang sikile papat
nek berjuang ja golek pangkat
numpak dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati
dalan sepur dilumpati
pengin makmur ja korupsi
gemak lontheng-lontheng
krasa penak ndengkang-ndengkeng
kicak jenang jahe
krasa penak meneng wae
susur mbako enak
turu kasur nggawe anak
kodhok kalung kupat
awak boyok ora kuwat
enteng-enteng omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab
dalan sepur dilumpati
ajur mumur dilakoni
Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati
Omah gendheng tak saponane
abot entheng tak lakonane
Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih
Andheng-andheng ana pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan
Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe
Bisa nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing
Mikul suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul
theklek kecemplung kalen
timbang golek luwung balen
abang-abang ora legi
tiwas magang ora dadi
andheng-andheng ngisor lambe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe
awan2 tuku brambang
ana prawan klambiné abang
wedang bubuk, gula jawa,
yen Kepethuk atiné lega
esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.
suwé ora jamu, jamu godhong téla,
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela
Parikan 2
Omah gendheng dak saponane, Ati seneng kowe mrene
Mlaku mlaku tuku ketan, ayu ayu kok brengosan.
Angkutan umum dadi becak, biyen premium saiki pertamax
Numpak gethek weruh yuyu, kowe elek ora payu
Golek tikus entuk asu, yen tak elus aja nesu
Nyangking ember kiwo tengen , lungguh jejer tombo kangen
Jare mulyo nanging dodol karung goni, jare tresna nanging nyatane nglarani
Dahono tegese geni, raseksa tegese buto, dadi bocah kudu gemi, yen kepingin urip mulyo
Ngasah arit nganti landhep, nggolek suket dhuwur lemah, yen sekolah kudu sregep, banjur kerja gawe omah
Kembang anggrek rumambat tepining gethek, nganti tuwek ilmu iku ora entek
Manuk dara, mangan molen nganti lemu, aku lara, amarga kangen sliramu
Ana tamu gawa ketan, untu mambu rung sikatan
Numpak motor muter muter, teka teka tenger-tenger
Parikan 3
Budhal sekolah
Numpak sepeda
Saiki susah
Menehe kaya
(5 wanda + 5 wanda) x 2
Mangan jenang karo ketan
Rasane enak tenan
Saiki sinau tenan
Yen tuwa dadi atasan
(8 wanda + 7 wanda) x 2
Godhong sinom
Kembang tales
Isih enom
Aja males
(4 wanda + 4 wanda) x 2
Sega di campur sate
Di pangan bareng kanca-kanca
Sangune ake-ake
Jebul bijine limo-limo
(7 wanda + 9 wanda) x 2
Neng jetis kampung batik
Batike khas Sidoarjo
Dadi arek ja bethik
Yen kepingin akeh kanca
(7 wanda + 8 wanda) x 2
Parikan 4
Ngadeg jejeg nyungggi klapa
Ora kaya ewuhe nyunggi duren
Ora bisa ngadeg bukane apa-apa
Ning merga lemes saking olehe keluwen
Sasi pasa padha taraweh
Bakda isya iku wktune
Ati krasa karo kowe
Nadyan during ana nyatane
Blimbing kuning manis rasane
Dienggo rujak sambel trasi
Bocah kuning ayu rupane
Mlongo dongak mambu wangi
Kembang jambu arane karuk
Tiba lemah kena watu
Yen nyawang aku dadi mathuk
Karo sliramu ing jero atiku
Numpak sepur nyang banyumas
Nggawa tas karo sepatu
Apa awakmu wis lalu to mas
Yen aku tresna sliramu
Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku
Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel
Ngandong opo mbecak
Mlaku timik timik
Bekicot nempel katok
Nyocot thok
Numpak sedhan nganggo blangkon
Angkutan umum dadi becax
Mbiyen premium saiki pertamax
Mangan bakwan anget-anget
Dipangan karo lombok abang
Awan-awan kok adus kringet
Luwih penak yen di dus i kembang
Kembang mlati kembang kenongo
Ojo ganti, mengko gelo
Dondong opo salak
Duku cilik cilik
Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan
wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg
Wani mbanting oleh dedeg
Ayo mancing golek dheleg
Jare Durno, bojone jaran
Dede kulo, anakke setan
Awan-awan mangan gethuk
Bubar mangan kok ngantuk
Saka balongan nganti tekan sumut
Mung saderma golek kuthuk
Bolongan apa tah sing isa ngemut
Ya kuwi sing di arani tutuk
Nyolong waja tekan balongan
Olehe ngedol adoh tekan SUMUT
Bolongan aja sembarang bolongan
Bolongan kudu sing iso ngemut
Ono Teklek kejegur kalen…
Tinimbang nggolek mendingan balen…
Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
Aku ya
Parikan 5
1.Wajik kletik, gula jawa
Lawih becik, sing prasaja
2.Manuk tuhu, mencok pager
Yen sinau, dadi pinter
3.Kangkunge, diiris-iris
Senenge, ora uwis-uwis
4.Parine, wis lemu-lemu
Atine, wis kudu nesu
5.Esuk nakir sore nakir,
Sing ditakir godhong plasa.
Esuk mikir sore mikir
Sing dipikir ra rumangsa
6.Kutha Sala dalane rame,
Sri Wedari tengah prenahe,
Aku gela amarga kowe,
Angger janji arang nyatane
5 komentar:
Makasih. Itu sangat membantu saya
tanya,kembang turi dipangan kebo apa artinya?
Nek neng ngomah 1 tapi nek neng sawah 2 ?
Meme gabah ing dhuwur watu,bacute parikan yaiku
sip josss!
Posting Komentar
Makasih atas :
Komentar dan Kritik anda
Untuk bertanya klik menu "Tanya ?"