Bahasa Jawa Pranoto adicoro

Posted by Ĵũňǻîdî On 26 Des 2012 0 komentar
PRANOTO ADICORO
Tanya : Apa yang dimaksud Pranoto Adicoro ?

Jawaban :

Pranoto adicoro, adalah rangkaian sebuah acara yang biasa dibawakan oleh seorang protokol/pembawa acara sebelum sebuah acara dimulai dalam bahasa Jawa, atau Isi Rangkaian acara berbahasa jawa, seperti contoh dibawah ini adalah Pranoto Adicoro.

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinu darsono ing budi
Wis cedak titi wanci wahyaning mongso kolo sri atmojo temanten kekalih sampun prapten pangur anjawi arso manjing wonten ing madyaning sasono wiwoho pramilo kagen asung pakurmatan rawuhing pinanganten sarimbit soho poro penderekipun kawulo suwun cinandiko sami mugi kersoho jumeneng sawatawis…sumonggo nuwun…………..
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Sugeng poro sepuh-sesepuh pepunden ingkang dahat kawulo hormati……
Kadang besan miwah sahyaning poro penderek pinaganten kakung sarimbit ingkang saking tlatah………………………..ingkang dahat kinumartan. Soho poro pangembat panggebating projo setianing negari ingkang minongko dados panggayoming poro kawulo dasih ingkang satuhu mahambek berbudi darmo.

Poro rawuh kakung suwowono putrid ingkang dahat sinudarsono ing budi
Sumrambahipun dumateng poro sanak kadang pitepangan ingkang hanampi pakurmatan, miwah sahyo poro kadang werdo murdo tumaruno ingkang satuhu pantes sinudarsono. Soho poro konco leladi pramusaji ingkang sampun piniji ing gati.
Nuwun poro lenggah keparengno langkung rumiyin sumonggo kawulo nderek aken hangunjuk aken pujo puji puji astuti puji syukur sumonggo sesarengan kito haturaken dhumateng ngarsanipun gusti ingkang moho agung ALLOH SWT, bilih wonten ing ri kalenggahan sonten/dalu kulo dalah paduko sami saget nderek mangayu bagyo dinten wikraman agung pangunduhipun putro temanten kekalih kanthi kawontenan wilujeng boten kepanggih alangan satunggal punopo kalis nir ing sambi kolo.

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi
Sak derengipun kaparengno langkung rumiyen kulo hangaturaken tebah siti sekul panuturing kelopo opo rantu bilih wonten lepat kawulo dene dereng sawatawis dangu rawuh paduko sami minunggar kadang besan dalah penderek pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking tlatah…………….. proro dene ing mriki kawulo kuwo wantuncumantoko hanggampil kamardikan soho matur ing ngarso paduko sami, istining gati boten jalaran kawulo kalak duking sugi siti mawah toto krami hananging yo awit saking awrat-awratipun nyundi dawuh panjenenganipun bapak…………………..sarimbit garwo. Bilih ing ri kalenggahan sonten/dalu puniko kulo piñata minongko pranoto adi coro wonten ing acoro pahargyan wikraman agung wonten ing ri kalenggahan………………….

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi
Sak derengipun hadi coro pahargyan wikraman agung wonten ing r kalenggahan …………………….. kapurwakan keparengno kulo hangaturakan minggah reruncening hadi coro ingkang sampun nirantan-nirumpoko.

Tumapak hadi coro ingkang ongko sepisan
1. Waosan sab’do gusti ingkang sampun sinerat wonten ing madyang wahyu tumelan hinggih kitab suci Al-Qur’an
2. Purwoko
3. Do’a
4. Catur adi coro gatining wigati wiwahan lung tinampen penganten pamedar sabdo saking kadang besan soho hamnyeyuliti pangrebeb pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking tlatah………………..
5. Atur pagayu agyo saking ingkang hanengku karso ingkang mangke bade ka aturaken dening penjenenganipun bapak……………..
6. Pelereman
7. Penutup

0 komentar:

Posting Komentar

Makasih atas :
Komentar dan Kritik anda
Untuk bertanya klik menu "Tanya ?"